Babad Tanah Djawi Edisi Prosa Bahasa Jawa Versi JJ Meinsma
BABAD Tanah Jawi adalah sebuah karya sastra berbentuk tembang dalam bahasa Jawa yang berisi tentang sejarah Pulau Jawa.
Kitab ini menceritakan raja-raja di Pulau Jawa dari era Hindu-Buddha hingga Mataram Islam. Selain itu, ada pula disinggung tentang Nabi Adam dan nabi-nabi lainnya.
Teks asli babad tanah jawi memuat silsilah raja-raja jawa dari nabi ada, dewa-dewi dalam agama hindu,tokoh-tokoh dalam mahabharata, cerita panji masa kediri, masa kerajaan pajajaran, masa pajahit hingga masa demak yang kemudian dilanjutkan lagi dengan silsilah kerajaan pajang, mataram dan berakhir pada masa kartasura.
Salah satunya Babad Tanah Jawi yang disusun oleh WI Olthof tahun 1941. Isinya adalah babad para raja ditanah Jawa, mulai dari Nabi Adam hingga tahun 1647.
Dengan penulisan yang naratif, bukan ini dapat menjdikan bacaan yang menarik bagi khalayak luas.
Panganngitipun serat punika manut pepacaking pakempalanipun para Directeur Normaalschool wonten ing Ngayogya nalika wulan Desember tahun 1921.
Nalika pakempalan wau ingkang dipunrembag inggih punika pekawisipun serat serat cap capan kangge murid–murid Normaalschool.
Putusaning rembag makaten : amrih enggal rampungipun serat punika, saben Directeur sagah damel handbuk nyetunggal, mawi dipunbantu salah satunggaling collega sanesipun.
Serat wau dereng kenging dipuntemtokaken lestantunipun, Wedalan ingkang sepisanan punika teksih janggelan. Menawi sampun rampung badhe pados reka supados wedalipun saged mirah sanget.
Sarehning para Directeur ngajeng ajeng sanget sagedipun enggal angsal serat cap capan, anggarap sedaya kesesa, mila boten sampurna.
Menggah isi saha tembungipun masthi taksih wonten kuciwanipun. Ingkang punika kula nyuwun pitulunganipun para Directeur lan Guru Normaalschul, menawi sampun ngertos lepatipun enggal kula aturi katrangan.
CAP CAPAN INGKANG KAPING KALIH
Sasampunipun karembag kaliyan Tuwan HA Surink ingkang tumut yasa Babad Djawi cap capan kapisan, dumadosipun serat enggal punika lajeng kapasrahaken dhateng kula babar pisan.
Menggah ing isi lan sastranipun kathah ewahipun kaliyan cap capan kapisan wau, malah inggih mawi tambahan bab enggal, kadosta bab karajaan Tanah Melayu.
Pangajeng ajeng kula serat punika nyekapi ing kanggenipun. Para nupiksa ingkang karsa paring leresan utawi ewah – ewahan badhe katampi kalayan suka bingahing manah.
Muntilan, 1925
L Van Rijkevorsel
DS Hadiwidjana
Babad Tanah Djawi Edisi Prosa Bahasa Jawa Versi JJ Meinsma, 1874